"Wuyung"

Sabtu, 09 Juli 2011

Lorone loro
Ora koyo wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan ning omah bingung
Mung kudu weruh
Wohting ati duh kusumo ayu
Opo ora trenyuh
Sawangen iki awakku sing kuru


Klopo mudo leganono
Nggonku nandhang bronto
Wite pari dimin mari
Nggonku loro ati aduh nyowo
Duh, duh kusumo
Ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur paring usodo
Mring kang nandhang wuyung

3 komentar:

Yoga Pujakesuma Wanadharma mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Yoga Pujakesuma Wanadharma mengatakan...

WUYUNG

Laraning lårå
Ora kåyå wong kang nandhang wuyung
Mangan 'ra doyan
'Ra jenak dolan nèng omah bingung

Mung kudu weruh
Woting ati dhuh kusumå ayu
Åpå 'ra trenyuh
Sawangen iki awakku sing kuru

Klåpå mudhå, leganånå
Nggonku nandhang bråntå
Witing pari, dimèn mari
Nggonku lårå ati, adhuh nyåwå

Dhuh, dhuh kusumå
Ora kråså åpå pancèn tegå
Mbok mbalung janur, paring usådå
Mring kang nandhang wuyung

(*Revisi tata ejaan*)

Unknown mengatakan...

Wong sing lagi keloro loro amergo kangen marang *kusumaning ayu* kabeh kui bakal ke ijabah mawi usodho.

Iseh ono sing kliwat mestine ugo lantaran dongo marang Gusti kang Moho Suci

Posting Komentar