"Iki Wek'e Sopo"

Kamis, 03 Februari 2011

Wong yen lagi gandrung
Ra perduli mbledhose gunung
Wong yen lagi naksir
Ra perduli yen perang nuklir

Nadyan lagi bokek
Direwangi nrethak nrethek
Jarene wis jodo
Opo-opo duweke wong loro

Wong yen lagi kepikat
Ra perduli ndonya kiamat
Wong yen lagi nyenengi
Ra perduli lagi inflasi

Nadyan ra duwe duwit
Direwangi kredat kredit
Jarene wis jodo
Opo opo duweke wong loro

Irung bangir duweke sopo dik ?
Irung bangir yo duwekmu mas
Lambe tipis duweke sopo dik?
Lambe tipis yo duwekmu

Janggut nyatis duweke sopo dik?
Janggut nyatis yo duwekmu mas
Bangkeane duweke sopo dik ?
Bangkeane yo duwekmu

Iki piye, iki piye, iki piye weke sopo ?
Mesthine onok sing duwe