"Putro Nuswantoro (Tak Lelo Ledung)"

Minggu, 31 Oktober 2010

Anakku sing bagus dhewe
Besok pinter sekolahe
Yen wis biso nyambut gawe
Kudhu mlaku sakmesthine
Cup menengo ngger anakku
Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dhewe
Besok pinter sekolahe
Cup menengo ngger anakku
Sing tansah tak domo-domo
Dadio satrio tomo
Labuh marang nuso bongso


Enggal menengo anakku
Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareme atiku
Adoh dumunge bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesthi kondur
Nuswantoro subur makmur

"Mawar Biru"

Jumat, 08 Oktober 2010

Tumetes sing waspaku
Ora tego rasane atiku
Ninggalake sliramu kenyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelengake naliko bareng mlaku-mlaku

Ora nyono ora ngiro yen ngene dadine
Aku kudu melu nderekake romo lan ibuku
Kondur ning ndesoku

Wekasan mung welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minongko tondo katresnanku

"Banyu Kali"

wis ndhek mbiyen akeh sing ra seneng
wis ndhek mbiyen ake sing dho nggunem
Marang sliramu sing tak tresnani
Ora ngerti kowe salahe opo

Roso tesno opo kuwi salah
Roso tresno ra biso dicegah

Ben kali banjir segoro amber
Mung sawiji wong kang tak tresnani
O ojo ngono ojo ngono ojo ngono
Pengen ngono ojo ngono
O ora ngono ora ngono ora ngono
Arep ngono kudu ngono

Banyu kali mandheke ning segoro
Bening buthek opo jarene kono
Ati iki kadung tresno
Susah seneng aku lilo nrimo

Banyu kali mandheke ning segoro
Yen dibendung amber dadi ciloko
Ati iki kadung tresno
Yen ra de'e luwih becik ra sido

"Nelongso"

Opo salahku
Saben-saben kowe tansah nesu
Sithik-sithik mung kanggo jalaran
ra lio mung ngajak pisah
Sopo sing miwiti lan ugo sopo sing njalari
Atiku sing wis tresno tenanan
Jebule kok mung kanggo dolanan

Eling opo wis ra eling
Naliko jamane sih tak sanding
Kowe teko karo neteske wasto
Saiki kowe lungo tanpo kondho

Tegane atimu ora bedho kejamah tresnaku
Tak rewangi atiku nelongso
Nanging opo isih kok sio-sio

"Malioboro"

Lampu bangjo ing prapatan Malioboro
Nganti bengi aku dhewe'an ning kono
Lalu lintas pating sliwer maneko warno
Dho rasane ati ing dodo

Malioboro seksenono lelakonku
Nganti saiki tresnaku roh sliramu
Tansah tak siram tetese eluhku
Nganti sok kapan sliramu eling aku

Wis meh pirang-pirang sasi
Aku tansah ngenteni
Wis meh pendhak lingsir wengi
Aku tansah memuji

Sawetoro telung minggu
Kutunggu kabarmu
Yen sliramu ninggal aku
Ngganteni awakku
Karo prio seje sing bagus tur nduwe
Bedho karo aku seprene

"Lilo"

Opo wis ra kelingan
Sumpah janji ngomong marang aku
Sineksen lintang rembulan
Jarene tresnamu mung kanggo aku

Wis nganti telung ketigo
Nanging sliramu ra kirim warta
Bareng saiki wis teko
Kowe malah gandheng prio lio

Ora nyono ora ngiro
Kowe medhot taline asmoro
Tresnaku kang tulus suci
Ra kok jogo malah kok blenjani
Opo pancen wis nasibku
Kudu pisah karo sliramu
Pancen abot jroning ati
Nanging aku ra biso menehi

"Jenang Gulo"

Jenang gulo kowe ojo lali marang aku iki cah ayu
Nalikane nandang susah sopo sing ngancani
Dek semono aku tetep setyo
Sapto tetep tresno cah ayu
Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwo

Ning saiki bareng wedi
Kowe kok njur malah lali marang aku
Sithik-sithik mesti nesu terus ngajak padu

Jo ngono ojo ngono

Opo kowe pancen ra kelingan
Jamane dhek mbiyen cah ayu
Kowe janji bungah susah podho dilakoni

"Janji Palsu"

Kuping iki durung sudo rungu
Isih krungu malah tekan atiku
Naliko kowe ngucapake
Tresnamu ning ngarepku

Ning nyatane kabeh kuwi palsu
Wis ra podo sing kok ucapke mring aku
Awakku nganti kuru amargo janjimu
Kabeh kuwi janji palsu

Yen kowe tresno ning opo nglarani aku
Yen kowe setyo ning opo ngapusi aku
Yen kowe seneng ning opo lali janjimu
Yen kowe temen ning opo ninggalke aku
Tak enteni ning kene ora teko
Lungo ninggal lali keluargo

Ning nyatane lungo tekan seprene
Lungo ora ono kabare