"Tak Lelo Ledung"

Selasa, 27 Desember 2011


Tak lelo lelo lelo ledung
Cep menengo ojo pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis munndak ilang ayune

Tak gadang biso urip mulyo
Dadio wanito utomo
Ngluhurke asmane wong tuwo
Dadio pendekare bongso

Wes cup menengo anakku
Kae mbulane ndadari
Koyo buto nggegilani
Lagi nggoleki cah nangis

Tak lelo lelo lelo ledung
Cep menengo anakku cah ayu
Tak emban slendang batik kawung
Yen nangis mundhak ibu bingung

"Sapu Tanganmu"

Iki sapu tanganmu
Gondho arum kanggo pepilingku
Kembang mlathi mung sawiji
Tur dadi ati rino lan wengi
Tak pujo-puji gunane dadi lambange
Prasane ya iya iya iye...

Nadyan adoh nyelak tuluh
Nanging caket jroning ati
Wohing aren silo ojo ngejur podho
Mbok yo eling prsetyamu sepisanan

Ki lho iki sapu tanganmu
Tansah dadi tali katresnanmu
Lerwo alit mungsilo kang ndak anti-anti

"Sri Huning"

Sri Huning mustiko Tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang Raden Wiratmoyo
Ingkang pranyoto anandur branti
Sri Huning datan graito
Kang tinerko kadange pribadi
Wiratmoyo putro niro
Surolawe adipati Tuban
Sri Huning putraning abdi
Wongso pati naliko inguni
Kapupuh ing madyo logo
Duk prang agung klawan Minak Jinggo

Katresnane Wiratmoyo
Tinampi dening Roro Sri Huning
Sanadyan pungkasaniro
Tekeng leno alabuh negari