"Mawar Biru"

Jumat, 08 Oktober 2010

Tumetes sing waspaku
Ora tego rasane atiku
Ninggalake sliramu kenyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelengake naliko bareng mlaku-mlaku

Ora nyono ora ngiro yen ngene dadine
Aku kudu melu nderekake romo lan ibuku
Kondur ning ndesoku

Wekasan mung welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono minongko tondo katresnanku

2 komentar:

Anang Bukan Hermansyah mengatakan...

Kakang Mas Agung Engkang Kawula Hormati. Nuwun sewu sak derengipun bilih kulo badhe ngoreksi, Lirik engkang wonten ing nginggil puniko wonten engkang lepat. ( Ninggalake sliramu wanito idamanku ) Keltingalipun meniko dede wanito, ananging inggih puniko kenyo, mbok bilih penjenengan mboten prayogo, kuwo nyuwun pangapuro.

Salam Ngauri uri Budoyo Jawi.

Agung mengatakan...

Inggih matur nuwun kritikipun.
Lirik lagu ing inggil sakmeniko radi kulo ubah.
:-)

Salam ngauri-uri budoyo Jawi

Posting Komentar