"Rukun Agawe Santoso"

Minggu, 27 Oktober 2013

Ajining diri pribadi
Mung gumantung ing wedaling lathi
Ojo dianggep sepele nyatane
Gede pigunane

Sesanggemaning bebrayan
Ora cukup pangkat sarto bondo
Pinongko jangkeping sesrawungan
Kudu sing waspodo

Ojo nganti gawe gelo mring sapodo-podo
Becik ngalah sawetoro pamrihe
Murih tentrem sakkabehe
Yo mas... Yo mas....

Kang pantes sinudarsono
Atut runtut tentrem lan raharjo
Rukun biso agawe santoso
Yekti kang jinongko

"Ora Kudu Nduweni"

Jumat, 30 Agustus 2013

Yen tak roso lan tak dulu
Sliramu opo tresno aku
Nanging ora sak mesthine
Yen ditempuh mbuh dadine
Sliramu kudu percoyo
Yen tresno ra keno dioyo
Lan ora kudu nduweni
Yo mung Gusti kang agawe pesthi

Nanging aku ra rumongso
Ojo banget anggonmu tresno
Aku njur kudune piye
Roso ewuh ing atiku

Mulo lilakno tak matur
Tresnamu ojo nganti nglantur
Enggalo antuk panglipur
Mundhak atimu sansoyo ajur

Ojo Digondeli

Kamis, 09 Mei 2013

Janjine ora tenanan
Jebule kriwikan dadi grojogan
Saben-saben dielingke
Nanging sajake kok anteng wae

    Pulo-pulo wis mbejagung yo dik to
    Wis pancen dadi nasibmu
    Tak suwun marang sliramu
    Ojo dadi runtik ing atimu

Iwak cucut wadahe karung
Becik mbacut tinimbang wurung
Aduh mas tinimbang wurung

    Ning pasar kok tuku cipir
    Ojo samar yen ora tak pikir
    Aduh dik ojo kuatir

Manuk gagak kok ngaku merak
Pancen sengojo pancen dijarak
Aduh mas sakit hatiku

    Ono kadal mangani roti
    Arep budal ojo digondeli
    Aduh dik ojo digondeli

Kembang kacang kembang kedele elae...
Glopa glape dadi gawe
Yen pancen dikarepake
Ayo enggal aku terno mulih wae