Lirik Lagu Campursari "Jaket Iki (Prapatan Jalan Mastrip)" Vocal : Novita

Kamis, 22 April 2010

Langit mendhung Tumiyung mudhun ngebis udan grimis
Esemmu wis mapagake aku.
Mbok lepas jaketmu njur nglayoni aku
Kangen tak suntak ning rangkulanmu

Prapatan jalan Mastrip saksi ketemuan iki
Nadyan tanpa ucap aku ngerti
Soroting mripatmu kebak kangen rindu
Grimis soyo deres nganti pada ra ngerteni

Nganggo jaketmu iki udan grimis mbok payungi
Tanda katresnanmu sak tenane aku ngerti.
Nganggo jaketmu iki udan grimis mbok payungi
Mergo jaket iki tresnaki tansoyo ndadi

Lirik Lagu "Nyidam Sari" Vocal: Manthous

Sabtu, 10 April 2010

Umpomo sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidam sari
Umpomo sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati
Sinaksen lintange luku semono
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthel ning netro rinoso
Kroso rasaning driyo
**
Reff:
Mibero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samudero
Nora ilang memanise aduh
Dadi ati selawase
Nalika niro ing dalu atiku
Lamlamun sliro wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
La kae lintange mlaku
**************************
Back to *, Reff, Ending.

Lirik Lagu "YEN ING TAWANG ONO LINTANG"

Kamis, 08 April 2010

Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu

Marang mega ing angkasa nimas 
Sun takokke pawartamu 


Janji-janji aku eling cah ayu 
Sumedhot rasaning ati 
Lintang lintang iwi-iwi nimas 
Tresnaku sundhul wiyati


Dek semana janjimu disekseni 
Mega kartika kairing rasa tresna asih 


Yen ing tawang ana lintang cah ayu 
Rungokna tangise ati 
Binarung swaraning ratri nimas 
Ngenteni mbulan ndadari