Kumantil

Sabtu, 14 November 2015

Jumedule sang suryo
Tak umpamakke jumedule tresno
Naliko pisan ketemu sliramu
Bocah manis pepujanku
Yen tak roso soyo dino
Katresnan iki tansoyo ngremboko
Witing pari pepindhane rasaku
Dimen mari kudu ketemu

Andheng-andheng ning janggutmu
Yen tak pandeng bingung rasaku
Rino wengi tanpo nendro
Tansah kantil kumantil ning netro

Tan kuwowo roso iki
Esem kang manis angrerujit ati
Pasar alit pinggir margi duh yayi
Yen wurung gelo ning ati

"Kelingan"

Rabu, 11 November 2015

Yen wengi tan biso nendro
Mung ngalelo kelingan nimas roro
Nadyan to sepisan tepung
Nyoto biso gawe ati bingung
Manis-manis roso madu
Luwih manis esemmu cah ayu
Gawe kangen ning atiku
Rino wengi mung tansah ngreridu

Roso tresno kasiram udan banyu asmoro
Thukul terus ngremboko
Sineksenan langit lan mego

Aduh dewo aduh nyowo
Tulungono wong nandang asmoro
Tak sesuwun rino wengi
Duh wong manis mugo angimbangi

"Dadi Ati"

Sabtu, 14 Februari 2015

Nggoleki sing koyo ngopo
Mung nyatane kelakon seprene
Angger-angger gendro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo
Pepindhane mimi lan mintuno

Wus jamak lumrahe
Yen wong urip
cubo lan godhane gede
Supradene ora nganti dadak dadi gawe

Rino wengi dadi ati
Wong prasojo alus bebudine
Sabar lan gemati
Momong putro lair lan batine