"Kembang Kecubung"

Sabtu, 09 Juli 2011

Awite pisan ketemu
Jroning ati nora kuwowo
Sunaring netramu
Gawe bingung rasane atiku
Opo kang dadi sebabe
Rino wengi gandrung kapirangu
Amargo solah bawane
Biso gawe brantange atiku

Wiwit iku atiku soyo ora karuan
Kroso kapang jroning ati
Tansah kepingin pinanggih
Ibabungahing atiku
Yen sliramu nedyo animbangi
Kembang kecubung dironce-ronce
Kene bingung kono ra piye-piye

"Wuyung"

Lorone loro
Ora koyo wong kang nandhang wuyung
Mangan ra doyan
Ra jenak dolan ning omah bingung
Mung kudu weruh
Wohting ati duh kusumo ayu
Opo ora trenyuh
Sawangen iki awakku sing kuru


Klopo mudo leganono
Nggonku nandhang bronto
Wite pari dimin mari
Nggonku loro ati aduh nyowo
Duh, duh kusumo
Ora kroso opo pancen tego
Mbok mbalung janur paring usodo
Mring kang nandhang wuyung

"Potretmu"

Iki potretmu
Kang tak tompo bareng lan layangmu
Bungahing ati ora koyo ing naliko iku
Margo potretmu biso gawe ayeme atiku
Tansah sumandhing
Ora pisah soko ing tanganku

Yen dak sawang
Dasar ayu pancen isih timur
Kiro-kiro antarane yuswo pitulikur
Banget kagetku
Bareng aku ketemu sliramu
Anggonmu potret
lawase wus ono telung windu

"Resepsi"

Yen pinuju angrawuhi ing malem resepsi
Kakung putri ngagem busono kang edi peni
Poro putri sami lenggah jejer katon rapi
Yen sinawang nganti koyo kontes widodari

Poro priyo lenggahe rodo adoh sawetoro
Uthak-uthik lirak-lirik
Ngguya-ngguyu mesam-mesem
Sajak arep mundhut lagu
Sinten niku lenggah pojok ndhelik ono mburi
Menga-mengo sajake kok ono sing diwedeni