"Ojo Sujono"

Selasa, 22 Juni 2010

Aku wis ngaku salah
Kondo sak nyatane
Soko ati ra mung ono lambe
Geni sing ning ati enggal disirami
Yo ben adhem koyo dhek wingi

Mbok wis ojo sujono
Ojo nyikso rogo
Tresno kuwi mesthi ono gudho
Mowo sing ning dodo
Enggal dileremke
Yo ben tentrem koyo dhek semono

Ronce-ronce melati benang lawe
Pupus klopo isih ngelekke
Nganti tuo aku isih tresno kowe
Senajan ono gudho sepiro akehe

"Tanjung Mas Ninggal Janji"

Senin, 21 Juni 2010

Bebasan koyo ngenteni
Udane mongso ketigo
Nadyan mung sedhelo ora dadi opo
Penting biso ngedemke ati.. o.. uo..
Semono ugo rasane atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra kroso setaun kowe ninggal aku
Kangen, kangene atiku

Aku sih kelingan naliko ing pelabuhan
Kowe janji lungo ra ono sewulan
Nanging saiki wis luweh ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Ning pelabuhan Tanjung Mas kene
Biyen aku ngeterke kowe
Ning pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe

Lirik Lagu Campursari "Caping Gunung"

Minggu, 06 Juni 2010

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali

Ning gunung
Tak jadongi sega jagung
Yen mendung
Tak silihi caping gunung

Sukur bisa nyawang
Gunung desa dadi reja
Dene ora ilang
Gone padha lara lapa