"Ketaman Asmoro"

Jumat, 29 April 2011


Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Ngrasakke atiku sansoyo nelongso

Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu

Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

"Terminal Tirtonadi"

Senin, 25 April 2011

Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali


Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu


Moso rendeng wis ganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Nek kowe esih eling lan tresno
Kudune kowe kroso


Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali


Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe


Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu


Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe

"Gethuk"

Sore-sore padang bulan
Ayo konco podo dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame-rame e..do gegojegan


Kae-kae rembulane
Yen disawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelingake
Konco kabeh ojo turu sore-sore


Gethuk, asale soko telo
Moto ngantuk, iku tambane opo?
Ach ach.. halah getuk asale soko telo
Yen ra petuk atine rodo gelo


Jo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo

"Ojo Lamis"

Ojo sok gampang janji wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo


Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukuling jamur ing mongso ketigo


Aku iki prasasat loro tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine banjur didis


Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung biso mukti

"Kangen"

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati


Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setio ngenteni
Lahir batin tersnaku terusing ati


Kangen… wong kangen ngene ngene rasane
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu


Kangen… wong kangen opo opo tambane
Rindu-rindu tambane kudu ketemu


Klopo mudo enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi

"Anting-anting"

Ting anting ‘mbang cempoko
Tondo moto soko seliramu
Ting anting tondo tresno
Lahir bathin sineksih lintange wluku


Ling eling dek semono
Rembulane ketutupan mego
Gawe kekesing ati
Nganti anti tekane radyan permadi
Anting-anting dhek kembang cempoko
Woheing aren mbokyo eling dhok semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
Tansih gumantil ono njero ning ati


Ting anting ‘mbang cempoko
Tondo moto ugo tanda tresno
Ling eling dek semono
Yen ra nyandhing rasane ning ati gelo

"Rondo Gunung"

Selasa, 05 April 2011

Asem kecut gulo legi
Gulo klopo mas opo gulo batu
Ampun kebacut kulo kandani
Kulo rondo anake telu
Pilih ketan opo tape
Podo-podo dik enak rasane
Rabi prawan abot sanggane
Yen rabi rondo tulus tresnane
Kembang mawar mekroke telu yo mas yo
Entuk anyar kowe banjur lali karo aku
Semarang kaline gawe yo dik yo
Ojo sumelang tresnaku yo mung slirane
Abang-abang ora legi yo mas yo
Ngomong sayang, ngomong sayang mengko gek ngapusi
Suroboyo Banyuwangi yo dik yo
Ora liyo sliramu sing tresnani
Nopo kang mas ora getun
Kulo rondo mas lare saking dusun
Ora gelo ora getun
Nadyan rondo iku kang tak suwun