"Panjerino"

Rabu, 01 Juni 2011

Sewengi tan bisa nendra
Gawang-gawang katon ning netra
Tak sesuwun mugi enggal enjang
Kekes ing ati sing kapang

Yen lintange panjerina
Wus semburat sumunar ngalela
Aku wus anganti-nganti tenan
Aning Stasiun Balapan

Prasasat kaya sewindu
Ngantu-antu ngenteni tekamu
Beda duk ngraket asmara
Nadyan meh rahina
Ning ing rasa mung sedela

Yen lintange panjerina
Melu setya ngewangi ngenteni
Yen sepur senja wis katon teka
Esemmu nambani ati

13 komentar:

Unknown mengatakan...

matur suwun mas

Agung Sasono Putro mengatakan...

Sami-sami. Salam budaya Jawi. :)

Unknown mengatakan...

ijin kopas mas

Anonim mengatakan...

lha iki seng takgoleki...matursuwun.

Anonim mengatakan...

...ngapunten, sewu lepat diagung pangaksamanipun. nuwun sewu menawi kepareng atur koreksi sambet lan syair lagu langgam lintang panjer rino wonten bait setunggal baris sekawan. ingkang nate kawulo ngertosi lumantar kaset kanthi penyanyi ( ibu ) Waldjinah ( sebagai juara tingkat sekolah SMP di RRI Solo tahun 1958 ) ... " Kadheseg ati sing kapang ". ( sumo lowo )

yuti setya mengatakan...

Kunbal

panji mengatakan...

pingin syair lagu 1. sigro mangsah, 2. kumudo, 3 Gambuh jago kluruk nopo wonten sing saged nggih?

Unknown mengatakan...

Matur suwun mas,,,

Unknown mengatakan...

Jis

Cerpenrika mengatakan...

Notasi.ne onten boten

Unknown mengatakan...

Mantul... Inget nang kmapung

Unknown mengatakan...

Joss....matursuwun mas

Unknown mengatakan...

Esemu nambani ati

Posting Komentar