"Malang Pancen Rame"

Sabtu, 24 Juli 2010

Malam Minggu mlaku-mlaku sak kancane
Alun-alun wayah sore pancen rame
Mudo mudi gegojekan sak kancane
Sing dho pacaran gandhengan tangan dhek mesrae
Kutho Malang kuthane pancen rame
Pasar induk Gadang panggonane
Kulon lun alun menggok mesjid Jami'e
Ojo lali Arjosari terminale

Tahu tempe Sanan panggonane
Jalan Lombok terkenal soto ayame
Nyamikane kripik singkong jik nyamplenge
Aremania wis kondang sepak bolae

Pantai wisata ora ketinggalan
Papan kang edi ugo tempat pemandian
Balekambang misuhur ning kutho Bantur
Sendang Biru ning Sumber Manjing ojo kliru
Songgoriti manggon ning kutho Batu
Coban Rondho ning Pujon pancen ono
Bajul mati mas pancen ndudut ati
Ojo bingung sampeyan kari pilih ngendi

Yen ora ngandel ceritaku iki
Bukti'ake kutho Malang pancen asri
Wis kondang kaloko kutho Malang iki
Yen tindhak mriko kulo jamin pingin keri

"Alun-alun Nganjuk"

Lungo tak anti-anti
Kapan nggonmu bali
Mencake endahing wengi
Kutho Nganjuk iki

Sumilir angin wates
Nggugah kangene ati
Opo kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondeli

          Lali tenan to dik
          Nggonmu jaji-janji
          Disekseni lampu alun-alun iki
          Lali tenan to dik
          Karo aku iki
          Ning terminal stasiun nggonku nggoleki

"Titip Kangen"

Minggu, 18 Juli 2010

Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Tak suwun slirane
Gelem sabar ngenteni
Percoyo'o sayang
Aku ra bakal lali

Kangen aku kangen sliramu
Rindu aku pingin ketemu

Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Padang rembulan ning pelataran
Koyo nggugah ati kang kasmaran
Wanci wis wengi sansoyo sepi
Soyo nggegowo suwunge ati

Kanggo sliramu sing tak tresnani

"Bengawan Sore"

Kamis, 08 Juli 2010

Ning pinggire bengawan
Tansah setya ngenteni sliramu
Eling-eling jamane semono
Wus dungkap pitung ketigo

Ning pinggire bengawan
Saben-saben mung tansah kelingan
Wus prasetyo ing janji kang suci
Ing lair terusing ati

Sanadyan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njogo
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo nglampahi

Ning pinggire bengawan
Wayah sore tansoyo kelingan
Nyawang gawang esemmu cah ayu
Gawe sedih ning atiku

"Esemmu"

Suwe ora ketemu cah ayu
Gewe kangen ning atiku
Tak suwun rintik lan dalu
Pamujiku manggio rahayu

Lha piye genah-genahe yo kene
Tak anti-anti kabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan saksulat gawange

Nadyan mung krungu swarane
Opo maneh yen nyawang esemme
Bebasan segoro madu kalah manis
Sing manis pancen esemmu

Ibabungahe ati cah manis
Entuk anugrahing Gusti
Nora mung jroning impenku
Iso nyanding sliramu cah ayu

"Blitar Kang Kawentar"

Blitar kutho cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar Nyimpen awune sang noto
Mojopait ning candi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ono crito jare Patih Gajah Modo
Ingkang bisa nyawijikne nuswantoro
Lan ugo Bung Karno sing kondang kaloko
Ning tlatah Blitar lair cilik mulo

Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing podo nyatakne
Yen to geni ngurupake semangate
Yen to banyu nukulake patriote

"Pacobaning Urip"

Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro
Tansah nelongso rasaning atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku

Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo

"Janjimu"

Rino wengi tak enteni
Kapan kowe bali
Mung tansah kelingan
Janjimu tak anti
Kegowo roso rasaning ati simamuteni
Tresno kang sejati
Janjimu tak anti
Kangene atiku balimu tak tunggu

Sepi rasane atiku
Kabarmu tak tunggu
Opo kowe kelingan
Kowe ninggal janji
Roso sepi suwe tak lakoni
Janjimu tak tunggu

"Kangen Kowe"

Sepine ing wengi iki
Aku eling atiku mung tansah eling karo kowe
Ning Paramaribo tansah ngelengake
Aku ora bakal lali karo kowe

Aku kangen kowe
Isuk awan wengi sore
Aku kangen kowe
Cah ayu aku ning kene
Aku kangen kowe
Entenono sak tekane
Aku kangen kowe
Aku kangen karo kowe

Kang, kangen Yang aku kangen
Ngenteni kowe aku ning kene
Eling alismu, eling pipimu
Ugo eling kuwi ayumu cah ayu
Ning kene kangen atiku kangen
Mung eling karo kowe cah ayu

Sepine ing wengi iki
Aku dhewe atiku mung tansah eling karo kowe
Ning Paramaribo tansah ngelengake
Aku ora bakal lali karo kowe

"Ilang Tresnane"

Tak trima-trimake yen pancen ngono karepe
Tenane bathinku ora nglilakake
Ning nyatane kudu koyo ngene
Mugo-mugo bener pilihane

Wis ilang tresnane
Wis lali piye sumpahe naliko kae
Ning saiki kok ngene dadine
Tresnamu mung jebul ono lambe
Mung ono lambe

Klopo sing tak tandur limang taun sing kepungkur
Uwis thukul godhonge wis dadi janur
Janur sing semampir ono ing ngarep omahmu
Nanging sing nyanding kowe dudu awakku
Dudu aku

"Lingsir Wengi"

Lingsir wengi sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang angreridu ati
Kawitane mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhake tresno

Nanging duh tibane aku dhewe kang nemahi
Nandang bronto kadung loro
Sambat-sambat sopo

Rino wengi sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi

"Lingso Tresno"

Sindhap sing ono rambutku iki
Isih biso tak kramasi
Nanging yen ngramasi loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

Lingso sing ono rambutku iki
Isih biso tak petani
Nanging yen ngramasi loro ati
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

Endahe ombak segoro Parangtritis sakidule yogjo
Eling aku tansah eling
Senajan kowe ra eling

Reget sing ono kulitku iki
Isih biso tak resiki
Nanging yen ngresiki ati iki
Ora gampang koyo mijet wohing ranti

"Rondho Kempling"

Ndak pundi mbak ayu
Bade tindak pundi
Kadingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi
Timbang nganggur kulo gelem ngancani
 
     Kleresan mas alias kebetulan
     Blanjane kathah rodo kabotan
     Yen purun enggal-enggal ngrencangi
     Tekan omah mangke kulo opahi

Ee… Tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan

     Ampun gelo mas
     Sampean ampun kuciwo
     Kulo rondo anyaran ditinggal lungo

Awan-awan lungo blonjo ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku ora patek penting wing-wing…
 
     Ning Semarang Mas..
     Tuku gelang karo anting-anting
     Jo sumelang yo ben rondo dijamin kempling..

     Kempling lho mas….

Muanteb… tenan

"Parangtritis"

Selasa, 06 Juli 2010

Rasane kepingin nangis yen kelingan Parangtritis
Ning ati koyo diiris
Naliko udan gerimis Rebo wengi malem Kemis
Ra nyono ra ngiro janjimu jebul mung lamis

Parangtritis ning kono wong manis
Yen eling kowe reneo gelis
Parangtritis ning kono wong manis
Yen eling aku kepingin nangis

Ombak gedhe katon ngawe-awe
Nelongso ning ati rasane
Ombak gedhe sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene

"Kalung Emas"

Sabtu, 03 Juli 2010

Kalung emas sing ono gulumu
Saiki wis malih dadi biru
Luntur koyo tresnamu, luntur koyo atimu
Saiki kowe lali karo aku
Kalung emas kuwi biyen tak tuku
Tak pasrahke mung kanggo sliramu
Gedhe roso tresnaku yo mung kanggo sliramu
Ra nyono kowe lali karo aku

Loro atiku, atiku keloro-loro
Rasane nganti tembus ning dodo
Nangisku iki mergo kowe sing njalari
Kebangeten opo salahku iki
Opo dosaku iki

"Cidro"

Wis sakmestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dodo
Duh piye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang loro koyo mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebul lamis wae

Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlarat bondo seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresno
Ora ngiro saikine cidro
Ora ngiro saikine kowe cidro