"Janji Palsu"

Jumat, 08 Oktober 2010

Kuping iki durung sudo rungu
Isih krungu malah tekan atiku
Naliko kowe ngucapake
Tresnamu ning ngarepku

Ning nyatane kabeh kuwi palsu
Wis ra podo sing kok ucapke mring aku
Awakku nganti kuru amargo janjimu
Kabeh kuwi janji palsu

Yen kowe tresno ning opo nglarani aku
Yen kowe setyo ning opo ngapusi aku
Yen kowe seneng ning opo lali janjimu
Yen kowe temen ning opo ninggalke aku
Tak enteni ning kene ora teko
Lungo ninggal lali keluargo

Ning nyatane lungo tekan seprene
Lungo ora ono kabare

1 komentar:

Anonim mengatakan...

gut song..

Posting Komentar