Lirik Lagu Campursari "Sewu Kutho" Vocal: Didi Kempot

Jumat, 07 Mei 2010

Sewu kutho uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh podho ra ngerteni
Lungamu ning endi

Pirang taun anggonku nggoleki
Seprene durung bisa nemoni

Wis tak cobo nglalekake jenengmu soko atiku
Sak tenane aku ra ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pingin ketemu

Senajan sak kedepe moto
Tak nggo tombo kangen joning dodo
Senajan wektu mung sedelo
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

1 komentar:

Posting Komentar